Remaja Masjid Al-Inabah

Remaja Masjid Al-Inabah

Jumat, 23 November 2012

SYI'IR PADANG BULAN


*♫♪..SYI'IR PADANG BULAN..♪♫*
═══════════════
Cipt Oleh:
Maulanaa Al-Habib Muhammad Luthfi bin Yahya Pekalongan



═══════════════
ﻣُﺤَﻤَّﺪﺍﻟﻠّﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻭَﺳَﻠِّﻢْ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻭَﻣَﻮْﻻَﻧَﺎ
═══════════════
ﻣُﻠْﻚِ ﺍﻟﻠﻪِ ﻋَﺪَﺩَ ﻣَﺎ ﻓِﻲ ﻋِﻠْﻢِ ﺍﻟﻠﻪِ ﺻَﻼَﺓً ﺩَﺍﺋِﻤَﺔً ﺑِﺪَﻭَﺍﻡِ
═══════════════

{ Allohumma Sholli wa Sallim 'alaa sayyidinaa wa maulaanaa Muhammadin } 2X
 { 'Adada maa fii 'ilmillahi Sholaatan daaimatan bidawaamin mulkillaahi } 2X
═══════════════

{ Padang bulan, padange koyo rino. # Rembulane sing ngawe-awe } 2X
Ngelengake, ojo turu sore # Kene tak critani, kanggo sebo mengko sore } 2X
═══════════════

{ Iki dino, ojo lali lungo ngaji # Takon marang, Kyai Guru kang pinuji } 2X
Enggal siro, ora gampang kebujuk syetan # Insya Alloh, kito menang lan kabegjan } 2X
═══════════════

{ Lamun wong tuwo, Lamun wong tuwo keliru mimpine # Ngalamat bakal, Ngalamat bakal getun mburine } 2X
Wong tuwo loro, kundur ing ngarso pengeran # Anak putune, rame rame rebutan warisan } 2X
═══════════════

{ Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah # Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah (dho pecah belah) } 2X
Kang den arep-arep, yoiku turune rahmat #  Jebul kang teka - Jebul kang teka, nambahi fitnah} 2X
═══════════════

{ Jaman kepungkur, ono jaman jaman buntutan # Esuk-esuk, rame rame luru ramalan } 2X
Gambar kucing, dikira gambar macan # Bengi diputer - bengi diputer, metu wong edan } 2X
═══════════════

{ Kurang puas kurang puas, luru ramalan # Wong ora waras wong ora waras, dadi takonan } 2X
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an # Jebul kang takon - jebul kang takon, wis ketularan } 2x
═══════════════

ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﺍﻟﻠّﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻭَﺳَﻠِّﻢْ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِﻧَﺎ ﻭَﻣَﻮْﻻَﻧَﺎ
═══════════════
ﻚِ ﺍﻟﻠﻪِﻣُﻠْ ﻋَﺪَﺩَ ﻣَﺎ ﻓِﻲ ﻋِﻠْﻢِ ﺍﻟﻠﻪِ ﺻَﻼَﺓً ﺩَﺍﺋِﻤَﺔً ﺑِﺪَﻭَﺍﻡِ
═══════════════

Tidak ada komentar:

Posting Komentar